Sugeng sonten...*hahahaha* Gue mau berbagi
cerkak yang gue buat dadakan minggu lalu di sekolah :D. Sekedar share aja,
siapa tau bermanfaat :). Langsung aja ya...
Gara-gara Guyon ing Dalan
Dina iki dina minggu. Dina kang
paling disenengi bocah sekolah. Wayah prei, bisa dolan lan kumpul karo
kanca-kanca, lan bisa refreshing saka
tugas-tugas sekolah kang mumetake sirah. Esuk-esuk, langite tansah isih peteng,
pedhute kandel banget lan hawane adhem. Yudha budhal pamit marang ibune.
Dheweke ora sarapan dhisik nanging langsung budhal.
"Bu, aku arep dolan" pamite
Yudha.
"Esuk-esuk ngeneki arep
dolan ning ndi to, le?" pitakone ibu.
"Yo butuhe dolan bu. Kumpul-kumpul
karo kanca, mlaku-mlaku bareng, yo refreshing lah butuhe." sahute Yudha.
"Halah bocah iki. Apa ora
ngenteni sarapan dhisik?? Iki wes ameh mateng." pitakone ibu.
"Ora usah bu. Aku durung
luwe!" sahute Yudha.
"Yo wes budhalo kono!! Nduwe
anak lanang siji wae kok penggaweane mblayang wae!!" sahute ibu gregeten.
Ora suwi-suwi, Yudha langsung
budhal. Dheweke njupuk sepedha onthel senengane. “Jason” celukane sepedha
onthel iku. Di lap si Jason iku, mari ngono langsung ditumpaki budhal marani
kanca-kancane. Dhisik dhewe, Yudha marani Reza. Sohib-e iku omahe cedhak saka omahe Yudha. Ing omahe Reza, Yudha
isih ngenteni Reza sing suwi banget. Wis ameh setengah jam dheweke nunggoni
Reza.
“Za, we mulek men to!!” bengoke
Yudha.
“Sek to bro, minyak wangian
dhisik ben cewek-cewek padha nempel. Emange
we gelem sohibmu sing ganteng dewe
iki elek ning ngarepe cewek-cewek?”
sahute Reza.
“Karepmu! Kemeng kabeh awakku
nunggoni kowe dandan!” sahute Yudha.
Yudha nganti pegel lan gregeten
ngenteni Reza sing dandan ora bar-bar. Sakwise Reza metu, Yudha lan Reza
langsung cus budhal. Amarga isih
esuk, hawane adhem-adhem seger. Hawane nyes-nyes ing awak tapi kuwi ciri khase
yen esuk. Yudha lan Reza marani kanca-kanca liyane. Awit saka Ahmad, Zulfikar,
Alika, Fano lan pacare Fano, yaiku Rinda.
Yudha, Reza, Ahmad, Zulfikar, lan
Alika numpak sepedha dhewe-dhewe. Dene Fano goncengan Rinda, pacare. Bocah-bocah
iku sepedhahan bareng keliling kampung. Kadang Yudha ngrasa iri marang kancane
iku. Dheweke ngrasa ngenes banget yen ngingeti Fano lan Rinda.
Wis mubeng-mubeng kampung, Yudha
lan kanca-kancane mandeg adus ing kali. Kaline isih bening banget. Dene Alika
lan Rinda ngenteni ing dhuwur karo dolanan bareng cah cilik-cilik. Bubar adus,
Yudha lan kanca-kancane sepedhahan maneh. Keliling-keliling lan guyon ing
dalan.
Teka ing dalan-dalan pinggir
sawah, guyonane Yudha lan kanca-kancane tambah ndadi. Rinda sing digonceng Fano
nganti wedi lan gumeter. Alika uga melu guyonan gak jelas bocah-bocah iku. Guyonane
gak jelas uga gak lucu nanging padha ngguyu. Wong-wong sing lagi ing sawah
nganti ngingeti uga ngandhani bocah-bocah iku.
“Nduk, le… Aja guyon wae to. Padha
tiba we ngko.” kandhane bapak-bapak.
“Lha yo aja guyon wae to. Aku wedi
iki lho digonceng Fano.” sahute Rinda.
Yudha lan kanca-kancane isih ora
nggatek. Wis lali dalan lan yen sepedhahan. Guyone tambah gak jelas maneh.
Dumadakan,
“Woyy,woyy!!! Fano!!!” bengoke
Rinda.
Rinda nyolot lan tiba, uga Yudha
lan kanca-kancane tiba. Yudha lan Zulfikar cemplung kedhokan, Reza lan Fano
nabrak wit asem uga Alika nabrak sepedhane Reza, lan Ahmad isih iso ngerem
sepedhane.
Rinda dengkule bundhas. Fano langsung
marani pacare iku. Dene si Jason, sepedhane Yudha iku setire bengkong. Mari ngono
padha muleh mlaku nuntun sepedhane dhewe-dhewe. Sing nyemplung kedhokan mau awake
reged kabeh lan ambune bacin. Mari ngono teka omah, Yudha diseneni ibuke amarga
esuk mau ditakoni ibuke jawabe karo mbentak.
“Yo iku oleh-olehe bocah nek ra
manut karo ibune. Dikon ngenteni sarapan sedelet wae ora gelem. Ibumu iki wis
kesel-kesel tangi isuk, masakne awakmu kuwi.” kandhane ibu.
“Iyo bu, Yudha nyuwun sepuro. Wis
ora ngajeni ibu.” sahute Yudha.
“Yo wes ndang adus dhisik kono,
rupamu wi lho… Uga ndang sarapan bar kuwi ndang digawa ing bengkel sepedhane.”
“Nggih bu.” sahute Yudha.
Yudha langsung budhal adus. Ing atine
Yudha nggrundel yen seumpama dheweke manut ibune lan bapak-bapak sing ngandani
mau mesthi gak bakal ngene dadine. Si Jason kesayangane Yudha maleh rusak lan
awake rasane lara kabeh.
Nah dari cerita itu, ada pesan yang dapat
kita ambil yaitu kita harus nurut apa kata orang tua,terutama ibu kita. Selain itu,
waktu di jalan jangan bercanda terus yaa… Bahaya tau… Apalagi kalau dijalan
raya. Sekian dulu ya, semoga bermanfaat bagi kita semua :)
No comments:
Post a Comment